PRAMBANAN NGUKIR KATRESNAN
Cipt: Silvy Nurmay
neng candi prambanan
papan sing ngukir katresnan
kenanganku ketemu sliramu
esemmu ndadekke bungah roso neng atiku
tombo kangen sing tansah ngeridu,
nganti ora kroso wengi wis mungkasi dino
neng alun-alun Ngayogjokarto
mbok gandeng tanganku
mlaku bareng neng sandingmu
ngubengi kutho kang nggowo cerito,
reff
emboh nganti mbesok kapan
anggonku nglakoni abote katresnan
kapisah papan lan ugo adoh paran
yen kangen ora biso sesandingan,
panyuwun marang kang KUOSO
mugo asmoro kawujut dadi nyoto
sewu cobo ra bakal misahke tresno
tansah urip bareng nganti tuo...
No comments:
Post a Comment