Tiga Tuju Delapan
Cipt : Kang SUHUT
Voc : Silvy lan Egun
Silvy
mas mas mas mas gak usah ngomong mas
yen omonganmu modus mong apus-apus
janji arep ngene janji arep ngono
nyatane kabeh mong janji-janji
Egun
dik dik ojo kesusu nesu dik ,pancen aku biyen yo nate janji
kowe njaluk iki kowe njaluk kuwi nganti saiki rung tak turuti,
Silvy
ngerti ngono yo ojo janji mas
urip prasojo aku yo biso nerimo kowe kadung janji nanging ra kebukti
jebule mong manis eng lati,
Egun
dik dik tolong yo sabar disek dik aku saikine pancen durung bisa
aku durung kerjo
ra nduwe opo-opo
nduweku yo mong manuk brenggolo,
Reff
Silvy
tresnoku iki wis kebak neng dodo
nanging janji-janjimu suloyo
tak akoni omonganmu pancen manis
aku dadi kepencut tresno
ojo mbok terus,teruske aku wis mendem rayuan mengko kenek pasal 378
ojo mbok terus,teruske aku wis mendem rayuan mengko kenek pasak 378,
Egun
duh cah ayu tresnoku iki beneran ora mong tresno apus-apusan
aku ora mong seneng nebar harapan lair batin ora mong dolanan
janjiku ora suloyo pancen aku durung biso
ora nglanggar pasal 378
janjiku ora suloyo
pancen aku durung biso
Mugo-mugo di ijabahi Pangeran...
No comments:
Post a Comment